gombal garing
awan iku udane wis teka. panase bumi rasane suda. langite kerep iyup merga mendung. kaya-kaya wong-won padha dialekake maran kahanan sejatne, yaku panase bimi mangsa ketiga swlan kapungkur.
nalika iku aku lagi mulih saka sekolah, nggowo pot isine tanduran. sanajan aku rumangsa kabotan, nanging atiku tetep seneng. tekaku di papk karo pitakonan kang nrecel kaya anake yuyu, saka embah.
'tanduran apa kuwi, kok kaya thukulan kedhondhon? tuku ing ngendi? lan arep digawe apa?'
'jenenge tanduran yo arek di tandur mbah. masa arek di kulup!'
'karepku kuwi titipane sapa? embah ora rumangsa titip!'
'tukonku dhewe, mbah. diutus guru. kita kudu seneng nanandur, kanggo ngurangi dampake global warning'
'apa? unen-unenapa kuwi mau? gombal garing? embah api-api ora ngerti'
keprungu swara kang pungkasan mau nalika guyuku kepingkel-pingkel, ora kena dak tahan, sanajan ku ora ana kancane ngguyu. karo ngguyu , aku karo embah ish tetep nerusaka pacelaton.
'mangkane embah aja kakehan ngrungokne unine manuk bae kareben ora ketinggalan jaman'
'mangkane embah iki kadhanana, kapinteranmu aja dipek dewe gombal garin iku pa?'
'global warning mbah dudu gombal garing, global warning iku pemanasn global tegesebumine tansah panas '
'la apa sambungane karo tanduran sak wit, si kok gowo mau apa bisa nyuda panase ndonya?'
'iki pangeling kanggowong sak ndonya, kalebu mbah. ature guruyen wong sak jagad padha menandur panase bumi bakal suda'
'ngomong-ngomon, si kok gowo ikuwit apa?'
'yen iki si araniadeniumutawa semboja'
'hah? semboja? iku tanduran kuburan enggal edohno saka kene '
aku ngguya-ngguyu karo mundur aku ngerti,kenapa embah rawani wit samboja.
kunang-kunang
BalasHapuspancen endah yen sinawang cahyomu
pateng kemerlip
cahyomu kang biso nyinari peteng'e wengi